TIPS MILIH WEDUS SING MBOIS KANGGO QURBAN ALA MBAH KOCLOK

Makalah Mustaqim - Gawe umat muSlim sak jagat kerat kabeh,, Sak iki ora jamane mung qurban perasaan tok tapi yo qurban wedus barang..

Sing nduwe niatan qurban kewan wedus,,
Mbah Koclok nduwe tips Syarate qurban wedus sing mbois yoiku :


1.wedus iku mesti lanang tenan,, ora wedus sing jadi jadian,, alias wedus sing senengane dandan,, Lan koyok wedus sing gawene mangkal ning prapatan..

2.wedus sing untune utuh lan asli,, ojok wedus sing untune di pasang kawat pager,, utowo begel lan bendrat ben ketok ganteng,, iku malah ora oleh di gawe qurban..

3.ojok milih wedus sing loro ati gara gara mari di putus karo pacare,, opo maneh lagi galau,, mesti bahaya iku,, soale isok isok naksir Karo awak mu dewe..

4.pastekno weduse rela berkorban lan wani mati temenan,, ojok wedus sing mung modus tok..

5.tuku wedus ning bakul wedus,, ojok tuku wedus neng bakul sate,, mbok kiro Arep andok opo piye..

6.milih wedus ojo sing cilik opo maneh durung baligh contone wedus ijek umbelen..

7.wedus sing duwe pacar ojok di gawe qurban,, engko nek pacare golek'i piye,, timbangane koen dikongkon ganteni dadi pacare,, gelem ora..

8.Sing paling penting iku niat Kerono Gusti ALLAH,, Ojok mung statusisasi utowo mung gombalisasi lan updatesisasi,, jebule ora sido qurban,, koyo to,, aku Dewe.. hehehe

Wes sakmono wae tips teko Mbah koclok,, Mugi Mugi bermanfaat kanggo awak mu sedoyo..

Wes ngunu ae..

Penulis : Mbah Koclok

0 Response to "TIPS MILIH WEDUS SING MBOIS KANGGO QURBAN ALA MBAH KOCLOK"

Post a Comment

Please give comment. Thanks